DROPDOWN MENU

Gadget Text

MAAF, TOKO TUTUP !!!

TERTARIK? SILAHKAN KLIK LINK 1 (STIKER TIMBUL), LINK 2 (PRINT DI VINYL/MIKA) DAN LINK 3 (CETAK KAOS DIGITAL)
INFO DAN KONSULTASI HUBUNGI 082139434212

Sabtu, 27 Agustus 2011

Piro Umurku?

Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.
Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.
Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro umurku ?" takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis 45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.
Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe'i maneh nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.
Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe'i umure, tapi gak onok sing bener.
Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe'en piro se umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe'i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe'i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?" jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu." jare simbah iku mau.
Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe'en umurku piro selak satpame teko !!" jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.
Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,"Le, aku weruh umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?" takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . ."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima kasih atas kunjungan Anda. Jangan lupa berkomentar ya......